JINGGLE HARLAH PRSH KE 11

Описание к видео JINGGLE HARLAH PRSH KE 11

Gurit Ambal warsa PRSH. 11.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Pan wus wanci mangsa kala,
Para kadang remaja putra tuwin wanita,
Den samiya bangkit anggladhi sarira,
Mangolah raga, memangun Jiwa,
Mesu budi anggladhi rasa mrih reseping driya.
Sinareng para kadang sepuh,
PRSH bangkit anempuh,
Kridhaning raga murih teguh,
Pengkuh kukuh datan arapuh,
Sami asah-sami asih-sami asuh.
PRSH ambal warsa kang kaping sewelas,
Dadiya sarana kamanunggalaning kadang kang kebak ing asih welas,
Datan ambedakake antaraning suku kang sarta eras,
Kabeh winengku kanthi suka rena sarta ati kang ikhlas,
Sinareng marsudi ngilmu kaweruh kanthi buntas.
Awit karana asmaning Gusti,
PRSH ngugemi kuwajiban tri pakarti,
Wani gelem hanglakoni,
Memangun hambeging satriya pinuji,
Tumanduking pakarti tresna
asih mring sesami.
Kapepinta mring Gusti kang maha Agung,
PRSH lumastari santosa apindha gunung,
Tumangkar ngrembaka ngebeki alam sawegung,
PRSH sayekti endah adi luhung,
PRSH luwih utama ing pasrawung.
Pabelan, 1 Juni 2024.
Karipta Ki Djarodeh.

Комментарии

Информация по комментариям в разработке