PENGADILANE GUBERNUR PILATUS || RENUNGAN PADINAN GKJ PURWANTORO || Sabtu Kliwon 31 Augustus 2024

Описание к видео PENGADILANE GUBERNUR PILATUS || RENUNGAN PADINAN GKJ PURWANTORO || Sabtu Kliwon 31 Augustus 2024

2024 08 31 Yoh.18:28-32, PENGADILANE GUBERNUR PILATUS
Renungan Padinan GKJ Klasis Wonogiri, Setu Kliwon 31 Agustus 2024, Pdt. Yahya Tirta Prewita

Injil Yohanes 18:28-32, LAI, Jawa 1994, kawaca ayat 28 - 29,,
18:28 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur diirid saka omahé Kayafas menyang dalemé gubernur. Nalika semana isih ésuk banget. Wong Yahudi dhéwé padha ora mlebu ing dalem gubernuran, supaya (miturut prenatané agama) ora dadi najis, sebab arep padha ngriayakaké Paskah.
18:29 Mulané Gubernur Pilatus metu nemoni wong-wong mau, sarta ngandika: "Wong kuwi salahé apa?"
HALELUYA, AMIN.

Wacan dina iki bab Gusti Yesus kang diirid saka omahe Imam Agung Kayafas, menyang daleme Gubernur Pontius Pilatus. Wong Yahudi duwe prenatan agama sing kanggo dhasar nindakne pengadilan. Nanging dening Kaisar Rum, pengadilan agama iku ora wenang ngukum pati. Gusti Yesus diaturke ing ngarsane Gubernur Pilatus, minangka wakil saka Rum kagungan kawenangan netepake paukuman pati.

Wiwit jaman kuno, hakim iku kajen keringan, wong sing dianggep wicaksana, duwe pangerten, lan kejaba iku duwe kawelasan kanggo mbelani wong cilik, ringkih, lan sekeng nalika nembe ngadhepi prekara. Nanging apa hakim iku tansah bener, adil, lan jujur? Dina Selasa 27 Agustus iki, hakim cacah telu sing ngadili lan mbebaske Ronald Tannur ing PN Surabaya wulan Juli kepungkur dening Komisi Yudisial direkomendasi marang MA supaya dipecat. Amarga sawise dititipriksa katrangan saksi lan bukti-bukti sing kudune ngukum, malah diselaki lan terdakwa dibebaske kamangka korbane mati amarga dianiaya.

Saben nglairake pengaken pitados rasuli, jenenge Pontius Pilatus disebut. Sanajan ora nemokne kaluputan sing bisa kanggo dhasar ngukum pati, nanging Pontius Pilatus malah masrahke Gusti Yesus nglampahi paukuman seda sinalib, lan uga milih manut marang wong akeh sing bengok-bengok “Kasalibna” marang Gusti Yesus, lan mbebaske Barabas si begal sing kudune diukum pati. Hukum lan pengadilan ora salawase kanggo njejegake kaadilan, kayekten, lan ngawohake tentrem rahayu. Nanging sing rahayu sing eling lan waspada. Pengadilane Gusti kang bakal ngluhurake wong sing ditindhes lan disiya-siya dening pengadilane donya iki.
Amin.

Tuntunan nyuraos:
Negara Indonesia iku negara hukum, nanging ana putusan MA sing dibatalke dening putusan MK, lan ana putusan MK sing dening DPR nalika gawe RUU Pilkada uga ora kanggo. Kenging menapa pranatan antarane MA, MK, DPR sing dadi badan yudikatif lan legislatif kok siji-lan sijine ora gathuk? Sapa sing rugi lan sapa sing bathi? Kadospundi cara mbangun tata peprintahan sing tertib hukum ing negara kita?

Pandonga:
Dhuh Gusti Allah, Hakim Agung kang adil, mugi kaadilan Paduka kang badhe kababar lan ngayomi tata gesang bangsa kawula, mugi para kang rumangsa bisa nggawe hukum kawelehake awit tumindake kang gawe rusuh ing tata urip bebarengan sabangsa.

Комментарии

Информация по комментариям в разработке