TARI SUKA PARISUKA (Original)

Описание к видео TARI SUKA PARISUKA (Original)

Tari Suka Parisuka
Tari Anggitane Yulita Ekawinajeng
Sanggar Tari Adjeng Joged
Tegallurung RT 3, Gilangharjo, Pandak, Bantul
Kanggo Umur SD munggah
Uba Rampe Tari: Tambir (simbolik saka tampah)

Deskripsi Tari :
Suka Parisuka tegese seneng-seneng. Tarian kang diciptakake taon 2022 iki minangka tarian kanthi tema wong tani, kang anggone nggarap sawah tansah bungah atine. Ragam tarian diciptakake kanthi sederhana. Gerakane ngibaratake wong kang lagi tandur, nggosrok, panen pari, nggepyok tekan napeni.

Kostum :
Klambi kang ngibaratake wong tani yaiku lurik. kanggo ngisoran oleh arupa jarik/kathok utawa sakwangune. Dene, modele kasumanggakake, ora kudu persis kaya asline. Karana tari kang temane tani okeh, saka panganggit tari Suka Parisuka ngedahake (wajib) nggunakake aksen aksesoris caping kanggo irah-irahan. Caping bisa digawe saka nam-naman empring bisa uga nganggo liyane. Sing baku iku nuduhake aksen caping.

Kostum WAJIB dominan LURIK lan nganggo hiasan irah-irahan CAPING.

Perijinan penggunaan karya:
Yulita Ekawinajeng
085643999133
@adjengjoged

Комментарии

Информация по комментариям в разработке