LAMUNAN - Wahyu F Giri ( TUTORIAL GITAR ) Chord Gampang

Описание к видео LAMUNAN - Wahyu F Giri ( TUTORIAL GITAR ) Chord Gampang

Follow Me :   / yudahendra_  

Sumribit angin ratri, tansah hangenteni
Setya nrajang telenging ati
Angen-angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu, dhuh, Yayi

Wong Ayu, age nyedhaka ning sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lereme rasaku, tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu, Sayangku, wo-oh

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyane bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Kelamunan, Mbak Esa (nggih, Mas)
Cahyaning bulan dipadhakne karo sliramu, Mbak
Asyik
(Esa Risty, Wahyu Giri)
(Ora umum)
Dipenakne, Pak Glowoh (masok)
Sikat

Wong Ayu, age nyedhaka, ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu, dhuh, Sayangku

Ho, pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyane bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Комментарии

Информация по комментариям в разработке