Titingalan Jatilan Tempo Doeloe ± taun 1920 Ing Bantul Ngayogyakarta

Описание к видео Titingalan Jatilan Tempo Doeloe ± taun 1920 Ing Bantul Ngayogyakarta

Salam budaya, Potret Wayangku
3 Rejeb taun Alip 1955

Titingalan Jatilan inggih kasebut kapal/kuda/jaran kepang punika salahsatunggaling kesenian ing laladan Ngayogyakarta. Kesenian punika adate digelar menawi wonten kerameyan kados tanggap warsa, HUT-RI, merti desa/rasulan, supitan, mantenan.
Ing Ngayogyakarta Hadiningrat, jatilan asal-asalipun saking jaman Ngarsa Dalem ping I nalika ngersaken pilihan senapati ingkang mangkih digadhuhake dateng para bupati ingkang nyepeng bawat dadi lurahing wadyabala arahan ingkang sikep rontek (dedamel waos mawi gendera alit), lampahing pilihan wau dipun aben/adu/tanding prajurit nitih kuda sikep sabet, lawung, lan dedamel sanesipun. Bakda geger Spehi amargi kawontenan tumpakane kuda lurah wau disantuni/ijoli kapal saking kepang lestantun dumugi sakmenika lajeng kenging menapa kasebut Jatilan ?
Kasebut Jatilan amargi anggen nipun anjoged namung njatil inggih ngobahake sikil kemawon, tambahan miturut kula jogetipun niku panci niru obahing prajurit nalika numpak jaran kawitan jejer urut kacang, lajeng rong golongan jajari lajeng ubeng-ubengan lajeng perang tanding lan sapiturutipun, Jatilan ugi kasebut jaran kepang, jalaran kapal tetumpakane wau kadamel saking kepang. Napa niku kepang ?
Kepang inggih punika nam-naman irat-iratan tipis saking deling/pring dianggo rangkepan gedheg ugi kangge nepe gabah, sakmenika sampun radi awis-awis ingkang gadhah kepang kangge nepe gabah, kathah ing padusunan sampun kagantos terpal plastik.

Dokumentasi titingalan punika digelar wonten latar ingkang kathah kiwa-tengene wit klapa, tetabuhan nipun kendang, bende, trebang, angklung sarta kecer, wonten tiyang wolu ingkang numpak jaran, ingkang kalih prajurit pangkat lurah nyepeng dedamel sabet lan jajar ipun nenem sikep kados tumbak alit (mbok menawi tiron saking lawung) lajeng wonten badutan kalih ngangge topeng warni putih lan ireng kalungan sampur kados topeng paraga punakawan bancak doyok (dadi kelingan beksan wonten kraton Beksan lawung ingkang ugi mawi botoh 2 iji sairib kados menika jogetipun luwes, bebas) sarta wujud kewan wana lan danawa, danawa ingkang nyepeng gada.
Titingalan Jatilan punika kagelar dening Bupati Bantul, Kangjeng Raden Tumenggung Dirjokusuma ing video ketingal lenggah kursi dipun songsongi.

Jatilan kesenian punika tasih lestantun dumugi sakmenika ing Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang klasik kados sairib ing video ugi tasih wonten lajeng ingkang kreasi ugi kathah tetabuhan sampun mawi drum sakset, saron lsp.
Mugi-mugi tetep lestari dumugi akhir jaman, Lestari budayaku 🙏.

Sumangga, sugeng priksani 👍😁

#jatilan #jatilanjogja #jatilanklasik #sejarahjatilan #jatilantempodulu
#jatilanbantul #jathilanlawas #jathilanjamandulu #jathilanklasik

Kapustakan :
* kapethik saking clip java reel, the asia society record (FA110), film silent/bisu black and white 35 mm circa 1920s dening tuwan Tassilo adam,
Channel Rockfeller Archive Center.
* Gending saking Jathilan gegerbajing Kulonprogo :    • JATHILAN KLASIK GEGERBAJING || PAGERH...  
* Sejarah kesenian Jathilan, situs resmi kabupaten Kulonprogo, (Jathilan saking tembung thil-thil-thil jogetipun luwes).
* Naskah Seni Pertunjukan Jalanan.2011.
* Sejarah kabupaten Bantul karang, situs resmi kabupaten Bantul.
* Siaran Pendapa babagan kesenian Jathilan narasumber Ki Sancaka (Grogol, Margodadi).RRI Pro 4 fm Yogyakarta.2022.
* Bausastra Jawa, Ki Purwadaminto, situs yayasan sastra lestari.
* Google translate basa Belanda - Indonesia.
(*) Bupati kabupaten Bantul taun 1918-1945 : Kangjeng Raden Tumenggung Dirjokusuma, situs resmi pemerintah kabupaten Bantul sarta almanak H.Buning situs yayasan sastra lestari.

Mbok mbilih kathah kalepatanipun kula nyuwun pangaputen lan kersa paring panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat 🤓,

Matur nuwun
Thanks for watching

Комментарии

Информация по комментариям в разработке