Ki Hadi Sugito - Suluk tumrap paraga ringgit

Описание к видео Ki Hadi Sugito - Suluk tumrap paraga ringgit

Salam budaya, Potret Wayangku
jemuwah pon, 25 Pasa 1954 Jimakir

Sulukan inggih punika sadaya lelagoning dhalang ingkang awujud lagon, kawin, ada-ada, sendhon lan sapanunggilanipun, ingkang minangka rerangkening pakeliran. Ingkang dipun dipun tindakaken ing sasuwuking gangsa utawi ing salebeting pocapan kangge ngisi raos jumbuhipun lan kawontenan, sarta kangge ngombangi ungeling gangsa lan sapiturutipun punika ingkang pun wastani suluking Dhalang.
Suluk Ki Hadi Sugito menika kajumbuhake kaliyan paraga ringgitipun, yen dipun mirengaken punika mundhut saking carita Baratayudha kadosta suluk punika : " Durno ina panalingan ira, lumajare ratri cinandhak sang Astajumena " kados punika nyariosaken Pandhita Durno nalika wonten Perang Baratayudha ingkang sampun mboten gadhah kekiyatan nalika mireng kabar sang putra Aswatama pejah, lesu ora duwe daya kacandhak Putra pancala Dhustajumena kaketok jangganipun.
Wujud kreativitas Swargi Ki Hadi Sugito jumbuhaken suluk tumrap paraga ringgitipun :
01:00 Pandhita Durno
02:56 Patih Sengkuni
04:00 Raden Tirtanata
06:12 Raden Burisrawa
06:45 Raden Sencaki
Sumangga, Sugeng midangetaken ...

Kapustakan :
* Audio rekaman ringgit wacucal Ki Hadi Sugito.
* Buku Pedalangan Ngayogyakarta.

#sulukan

Mbok mbilih kathah kalepatanipun nyuwun pangaputen lan panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat 🤓,

Matur nuwun
Thanks for watching

Комментарии

Информация по комментариям в разработке