Liputan TVRI Prosesi Pemakaman Sri Sultan Hamengkubuwono IX 1988

Описание к видео Liputan TVRI Prosesi Pemakaman Sri Sultan Hamengkubuwono IX 1988

Salam Pamuji Rahayu,
Selasa, 7 Jumadilawal taun Jimawal 1957

Dinten Setu 8 Oktober 1988 dados dina dukaning sedaya kawula dalem ing Ngayogyakarta amargi ing dinten punika Ngarsa Dalem Ping Sanga miyos medal Plengkung Nirbaya kanthi Kreta pusaka yasan HB VIII nggih Kyai Rata Pralaya, ketingal sedaya kawula desuk kepengin weruh Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan ingkang pungkasan, surud Dalem dados duka sedaya rakyat Jogjakarta tuwin Negara Indonesia awit labuh labetipun tumrap NKRI ageng sanget nalika agresi militer Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan nglilani Kutha Ngayogyakarta dados Ibukota sementara RI bebasan Republik punika nembe lair ingkang ngemong, ngendong nggih Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Ping IX.

Punika kawiwitan memori Jumenengan Dalem saha kirab Jumenengan Dalem rikala taun 1940, lajeng dokumentasi arsip nasional nalika prosesi pemakaman Sri Sultan Hamengkubuwono IX lan dokumentasi TVRI lampah Kyahi Rata Pralaya medal alun alun pungkuran lajeng nglangkungi Plengkung Nirbaya utawi Gading lajeng mangetan dumugi Jl Imogiri mangidul dumugi Astana Imogiri, minggah undak-undakan atusan cacahipun dipun panggul abdi dalem gladag dumugi papanipun ing pasarean bagian Ngayogyakarta.
Lampah ipun wau dipun dherekaken abdi dalem prajurit Ingkang ngagem slempang pethak ugi mungel gending lara tangis saking prajurit ugel-ugelan saha dipun tindhihi Kumendam ingkang nitih kuda ngagem keprajuritan jangkep mawi slempang putih.

Kapustakan :
* Kapethik saking arsip nasional, TvOne,    • Video Langka Pemakaman Jenderal TNI. ...  
* Teks Sedan Dalem, planteablum Yogyakarta ±1930.
* Gending Laler menggeng - panjang ilang, Nyi Tjondrolukita.

#jogjatempodulu #jogjakarta #SrisultanhamengkubuwonoIX

Menawi kathah kalepatanipun nyuwun pangaputen lan kersa paring panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat,

Matur nuwun
Thanks for watching

Комментарии

Информация по комментариям в разработке