KPJ 2 Allah Mahasuci (Wunderbarer König, Herrscher von uns allen) - Kidung Pasamuwan Jawi

Описание к видео KPJ 2 Allah Mahasuci (Wunderbarer König, Herrscher von uns allen) - Kidung Pasamuwan Jawi

KPJ 2 ALLAH MAHASUCI
Do=G 4/4 6/4
1680 Joachim Neander (1950-1680)
Wunderbarer König, Herrscher von uns allen

00:00 Bait 1 Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki
00:59 Bait 2 Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya
01:55 Bait 3 Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah.
02:52 Bait 4 Allah Mahaluhur, kula saos sokur,

1
Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya.
Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.
2
Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya
kawula nlangsani dosa.
Mugi angapunten sarta nucèkaken,
temah gesang kula ayem.
Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra,
jumeneng Pamarta.
3
Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah.
kula sami nyadhong berkah.
Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti:
kang paring gesang sejati.
Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi.
nilar gesang lami.
4
Allah Mahaluhur, kula saos sokur,
dalah pisungsung kang katur.
Bandha sarta badan miwah kasagedan.
dadosa kurban kang gesang.
Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati,
bekti dhateng Gusti.


#kidungpasamuwanjawi
#yoshiabenedict
#musikibadah #musikrohani #musikgereja
#laguibadah #lagurohani #lagugereja
#kpj #ybp

Комментарии

Информация по комментариям в разработке