WOW!! Kidung Wahyu Kolosebo Versi Rock Koplo Abah Juri New Monata

Описание к видео WOW!! Kidung Wahyu Kolosebo Versi Rock Koplo Abah Juri New Monata

Judul : Kidung Wahyu Kolosebo
Voc. : Sodiq New Monata
New Monata Live Tanjang Rono Ngoro Mojokerto

Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
Senajan setan gentayangan tansah gawe rubedo
Hinggo pupusing jaman

Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko
Maper hardaning ponco saben ulesing netro
Linambaran sih kawelasan Ingkang Paring Kamulyan
Sang Hyang Jati Pangeran

Jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku
Tumuju dhateng Gusti Zat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpo piranti

Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
Maneko warno prodo mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno
Tyasing roso mardiko

Mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
Yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono
Byar manjing sigro sigro

Ampuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh
Gagah bungah sumringah ndadar ing wayah wayah
Satriyo toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko
Kataman wahyu kolosebo

Memuji ingsun kanthi suwito linuhung
Segoro gondho arum swuh rep dhupo kumelun
Ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur
Titahing Sang Hyang Agung

Rembesing tresno tondho luhing netro roso
Roso rasaning ati kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang
Palilahing Sang Hyang Wenang

Nowo dewo jawoto talisantiko bawono
Prasido sidikoro ing sasono asmoro loyo
Sri narendro kolosebo winisudo ing gegono
Dhatan gingsir sewu warso

Комментарии

Информация по комментариям в разработке