Cerita wayang bahasa Jawa
LAHIRE GATOTKACA
Naskah :
Narator :
Ing Kerajaan Jodipati, Werkudara pegel atine amarga ora bisa medot tali pusere anake si Gatotkaca. Buku pancanakane uga ora bisa digunakake kanggo medot tali pusere Gatotkaca.
Werkudara : Hehhhh… wes selapan tali pusere anaku si jabang telu kok rung biso dipedot, buku pancanaku ora bisa digunakake. Iki sing nyebabake atine Arimbi sedih lan susah. Kakangku puntadewa, kakangku kresna, Aku kudu piye?
Puntadewa:
Lho, wes selapan tali pusere durung iso dipedot?
D. Arimbi :
Enggeh…kakang Puntadewa.
Kresna (Fela) : Arjuno!! Lungo o menyang khayangan jonggring saloka, kanggo nyilih senjata kuntawijayadanu ngadepo ing bathara guru.
Arjuna :
Enggeh, kakang Kresna.
Narator :
Nanging, sakwise Arjuna tekan khayangan, senjata kasebut wes dijupuk dening raden suryaputra.
Arjuna :
Ngapunten Bathara guru, Kula diutus prabu Kresna nyuwun senjata kuntawijayadanu gawe medot tali pusere jabang ketigo putra Werkudara.
Bathara Guru :
Lho!! Kuntawijayadanu wes tak kai marang raden arjuna
Arjuna:
Kula dereng nompo senjata kuntawijayadanu.
Bathara Guru :
Golekano senjata kui!! lan yen wes temu pedoten tali pusere jabang ketigo.
Arjuna :
Enggehh, Bathara Guru.
Bathara Guru:
Yen wes pedot tali pusere, jabang ketigo tak gowo menyang Khayangan Jonggring saloka, tak gawe jago kanggo ngelawan prabu kaca pracana lan patih kaca sekipu.
Arjuna :
Enggeh, Bathara Guru.
Narator :
Ing Tengah dalan, Arjuna kepetuk raden Suryaputra. Arjuna badhe nyilih senjata kasebut nanging, raden Suryaputra ora menehake.
Arjuna:
Suryaputra!! Aku kapengen nyilih senjata kui.
Suryaputra:
Ora Iso!! Yen koe kapengen nggowo senjata iki, koe kudu ngalahke aku.
(Arjuna lan Suryaputra gelut)
Narator :
Sak banjure, Arjuna balik meyang Jodipati, senjata kasebut enggal diwenehake marang prabu kresna. Kabeh kang ono ing papan kasebut kaget, senjata kang iso direbut dening arjuna ternyata mung warangkane wae, Senajan mung ngono prabu kresna ngomong yen warengkane senjata kasebut uga iso digunakake kanggo medot tali pusere gaotkaca.
Arjuna :
Kula sampun mbeta senjata kuntawijayadanu.
Kresna :
Lho iki mung warangkane wae, yowes orakpopo. Warangka iki tetep biso medot tali pusere gatotkaca. Arimbi gowono gatotkaca mrene.
Arimbi :
Niki kang kresna.
Kresna:
Gagang Warangkane katot mlebu menyang njero wetenge gatotkaca, orapopo Werkudara, iku uga bisa ndadekake kekuatan kanggo gatotkaca.
Narator :
Banjur, Gatotkaca sing isih bayi digowo menyang Khayangan Jonggring Saloka lan didadekake satriya kang sekti mandraguna marang Bathara Guru.
Bathra Guru :
Iki tali pusere si Gatotkaca wis pedot. Iki tak gowo ing khayangan jonggring saloka, tak gawe jago
Arimbi :
Enggeh, Bathara guru.
Werkudara:
Anakku ning khayangan?, Aku yo kudu melok!
Gatotkaca:
Lololo, sopo iki suarane gede nemen.
Werkudara:
Aku Werkudara, aku kudu ndengok, aku yo melok.
Gatotkaca:
Lho, Pakku sing melok, yowes ayo orapopo.
Narator:
Nalika ing khayangan, gatotkaca dikon ngalahake ngelawan prabu kaca pracana lan patih kaca sekipu kang pengen banget ngobrak abrik khayangan jonggring saloka.
P. Kaca pracana: Ika tah…jagone jonggring saloka?
Gatotkaca: Iyooo Aku jabang ketigo , raden gatotkaca.
Patih Kaca Sekipu: Ayooo ndang tak pateni koee!
(gelut)
Narator:
Sakwise digowo bathara guru, Gatotkaca dibalekake marang wong tuone yaiku werdukara lan dewi arimbi ing Kerajaan Jodipati.
Bathara Guru:
Iki Gatotkaca tak baleke ning kowe
Werkudara:
Maturnuwun… Bathara guru, sampun balekake putra kula ing Kerajaan Jodipati.
Arimbi:
Enggehhh Bathara guru, maturnuwun sanget
Bathara guru: Iyo… podo podo
Информация по комментариям в разработке