Prigel Pangayu Anjarwening - Arum Dalu | Dangdut (Official Music Video)

Описание к видео Prigel Pangayu Anjarwening - Arum Dalu | Dangdut (Official Music Video)

Prigel Pangayu Anjarwening - Arum Dalu | Dangdut (Official Music Video)
   • Prigel Pangayu Anjarwening - Arum Dal...  
Follow Social Media
Facebook:   / enysagitareal  

Title : Arum Dalu
Artis : Prigel Pangayu Anjarwening
Songwritter : Adif Marhaendra

Lirik Lagu Arum Dalu :
Sumerbak nyirep teleng ati
Ngambar arum mlati ing ratri
Wewangenmu dina kawuri
Seksi katresnan sejati

Nyawang pasuryanmu ing tawang
Ketaman ayune sri wulan
Kaya-kaya wus sesandingan
Senadyan amung wewayang
Amung wewayang…

Kelingan setyamu kelingan sedyamu
Nalika nate janji janji
Sebo ing dampar ati
Ngelali opo wis lali

Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
Tumetes waspa tiba ing lembayung
Pindha ombak Samudra tan kebendhung

Mega mendhung tan kandheg tetangis
Nelesi kembang ati sing atis
Ati kataman janji lamis
Kegodho lathi kang manis
Grentes ginaris

Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
Tumetes waspa tiba ing lembayung
Pindha ombak Samudra tan kebendung

Ginurit endah sastra kang semu
Tansah ngreridu jroning lamunku
Tan ana liya among sliramu
Nyata jejantung ing tilam sariku
Cahya netraku ..

#Dangdut #PrigelPangayuAnjarwening #ArumDalu

Комментарии

Информация по комментариям в разработке